Thursday, 12 November 2015

Lirik Joko Mlarat

Wiwit biyen mulo
 Aku rak wis kondo
Aku wong ndeso ora bondo dunyo
Joko mlarat wong tuwamu pangkat
Aku wong ndeso uripku rekoso
 
Iki wis wancine kowe di daupke
Karo prio bagus sing podo sugihe
Ora nyono lan ora nglegewo
Yen sliramu tego polokromo
 
Srengenge ngulon parane
Yen bengi rembulan jenenge
Esuk tempe jarene, sore dele
Tresno tenan mbok anggep sepele
 
Srengenge ngulon parane
Yen bengi rembulan jenenge

Tayub Rondo Ayu

Lk : [bowo]
Eman lamun, yen winengkuh, liyo kakung
Nadyan uwis rondo, nanging taksih, kinyis-kinyis
Nadyan rondo, dasar ayu, isih mudho 

Lk :
E..kae rondo ayu,
Sabendino liwat ngarepanku
Dedeg lencir kuning,
Aduh kulitane nemu giring 

Soyo tambah manise,
Yen to mesem, karo nggeget lambe
Yen ngandikan sopan,
Aduh sopo sing ora kasmaran 

Yen menganggo sarwo patut,
Nopo luput, yen kulo kepencut
Ra weruh sedino wae,
Rasane, koyo sesasi suwene 

Nadyan rondo ning ayu,
Suwe-suwe kapikat atiku
Sasat rinten dalu,
Aduh, lam-lamen rondo sing ayu 

reff :
Pr :
E..kae rondo ayu,
Sabendino liwat ngarepanku
Dedeg lencir kuning,
Aduh kulitane nemu giring

Soyo tambah manise,
Yen to mesem, karo nggeget lambe
Yen ngandikan sopan,
Aduh sopo sing ora kasmaran

Yen menganggo sarwo patut,
Nopo luput, yen kulo kepencut
Ra weruh sedino wae,
Rasane, koyo sesasi suwene 

Nadyan rondo ning ayu,
Suwe-suwe kapikat atiku
Sasat rinten dalu,
Aduh, lam-lamen rondo sing ayu

Lirik Tresno Waranggono

Nelongso roso rasane tangis njroning atiku, Yen kelingan esem gemuyumu
Larasworo gending tresno gawe kangene atiku, Tansah eleng aku ro sliramu

Duh kangmas sak tenane aku ngerti atimu,Ning wes pastine aku duk jodohmu
Pancen roso kari Roso, Kudu lilo nggonmu nrimo, Lilakno aku nyanding prio lio

Reff:
Ra keroso wes sewindu nggonku ora ketemu, Kegugah atiku krungu suwaramu
Aku mung bisa ndedungo waranggono sing tak tresno, Mugo biso urep tentrem mulyo

Tak tulis lakon tresnamu ning gending katresnanku, Tak tembangne saben kangen sliramu
Sak tenane aku nangis nanging tresno wis ginaris, Taklakoni Kanti ikhlas ati

Wuyungku ngelayung ngamboro ing awang awang, Tanpo biso nyanding aku mung biso nyawang
Tumetes eloku deres mili ono pipi, Opo tresno iku pancen ra kudu nduweni

Wes lilakno aku kangmas wes cukup lalekno, Lelakon tresno iki bakal dadi crito
Tresno Waranggono

Lirik Roro Jonggrang

roro jonggrang kowe pancen ayu tenan
ora mokal yen aku nandang kasmaran
wus padakno prajuritmu maju perang
mulo kowe dadi wanito boyongan

joko bandung kowe ojo kumalungkung
kabeh iki kanggoku durung rampung
mbelo pati kang mas prabu kumolo
kang wus sedo labuh ing wono segoro

tobat - tobat kowe wanito keparat
ora ngerti yen bandung lanangane jagat
putro raty panggeng prabu damar moyo
aku duwe aji sekti bondowoso

roro jonggrang manuto sun pundhut garwo
joko bandung aku darbe bebono
candi sewu sewengi kudu dadi

iyo jonggrang panyuwunmu tak turuti

Lirik Gelang Kalung

Aku mung tansah kelingan,
Nalikane biyen urip kekurangan
Senadyan wis pisah suwe,
Roso kangen kok koyo ngene

Ora gampang nggonku lali,
Janjimu biyen mung tansah tak ugemi
Gelang kalung dadi saksi,
Pungkasane ilang ono ngendi

Pancen kowe ora getun,
Ninggal aku babar pisan, ora nggumun
Dasare ono liyane,
Luwih soko aku sing biso nyenengke

Tresno ati pawitane,
Bondo dunyo kuwi dudu ukurane
Nanging batinku ra lilo,
Gelang kalung, diwenehne wong liyo

Pancen kowe ora getun,
Ninggal aku babar pisan, ora nggumun
Dasare ono liyane,
Luwih soko aku sing biso nyenengke

Tresno ati pawitane,
Bondo dunyo kuwi dudu ukurane
Nanging batinku ra lilo,
Gelang kalung, diwenehne wong liyo

Lirik Lonteku

Hembusan angin malam waktu itu
Bawa lari ku dalam dekapanmu
Kau usap luka di sekujur tubuh ini
Sembunyilah-sembunyi ucapmu

Nampak jelas rasa takut di wajahmu
Saat petugas datang mencariku

Reff :

Lonteku, terima kasih
Atas pertolonganmu di malam itu
Lonteku, dekat padaku
Mari kita lanjutkan cerita hari esok

Walau kita berjalan dalam dunia hitam
Benih cinta tak pandang siapa
Meski semua orang singkirkan kita
Genggam tangan erat-erat kita melangkah

Lirik Kanggo Riko

Sing ono hang biso ngalangi niat iki
masio tah samudro sun arungi

Sing ono hang biso mbatesi welas iki
masio ilang nyowo sun belani

Paran baen sun lakoni kanggo riko

Siji sijine mung riko
Nong atinisun selawase
separuh rogo iki yoro mung kanggo riko

Sing ono hang biso ngalangi niat iki
masio tah samudro sun arungi

Sing ono hang biso mbatesi welas iki
masio ilang nyowo sun belani

Paran baen sun lakoni kanggo riko

Siji sijine mung riko
nong atinisun selawase
separuh rogo iki yoro mung kanggo riko

( Siji sijine mung riko )
nong atinisun selawase

( Separuh rogo ik i)
yoro mung kanggo riko